Japa-mantra

Japa-mantra (Carakan: ꦗꦥꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿ) iku ana sajroning kabudayan Jawa awujud unèn-unèn, tetembungan, utawa ukara kang pinercaya nduwèni daya magis. Istilah japa-mantra uga ateges donga (ꦢꦺꦴꦔ), sidikara (ꦱꦶꦢꦶꦏꦫ), utawa aji-aji (ꦲꦗꦶꦲꦗꦶ). Anggoné ngrapal japa-mantra bisa katujokaké marang Gusti, déwa-dèwi, makluk bangsa jin, barang klenik, tuwin marang dhiri pribadi utawa wong liya.[1] Laku japa-mantra mèh waé bisa ditemoni ana ing sakabèhané tradhisi agama utawa kapitayan ing Jawa (lan uga kabudayan bangsa liyané).

  1. Padmosoekotjo, S. (1953). Ngéngréngan Kasusastran Djawa II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne