Jepang
| |
---|---|
Gunagita: Kimigayo "君が代" "Pamrentahan Ingkang Mulya Kaisar"[2][3] | |
Lambang Papréntahan Jepang 五七桐 Go-Shichi no Kiri | |
![]() Wilayah sing dikuasai Jepang ditampilake ing warna ijo – Area sing diklaim ditampilake ing warna ijo padhang | |
![]() | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Tokyo[4] 35°41′N 139°46′E / 35.683°N 139.767°E |
Jawatbasa | Ora ono[note 1] |
Basa nasional | Jepang |
Budayawangsa (2011)[6] |
|
Agama (2000)[7] | |
Papréntahan | Negara kesatuan ingkang berbentuk monarki parlementer |
• Kaisar | Naruhito |
Fumihito | |
Shinzō Abe | |
Tarō Asō | |
Tadamori Oshima | |
Chuichi Date | |
Naoto Ōtani | |
Paukumkaryan | Diet Nasional |
• Ucagreha | 参議院Sangi-in |
衆議院Shūgi-in | |
Pambentukan | |
11 Februari 660 SM[8] | |
29 November 1890 | |
3 Mei 1947 | |
28 April 1952 | |
Pijembar | |
• Gunggung | 377,973 km2 (145,936 sq mi)[9] (61) |
• Banyu (%) | 3,55 |
Population | |
• Cacahjiwa Oktober 2018 | 126.440.000[10] (10) |
• Ketebdunung | 334/km2 (865.1/sq mi) (41) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2018 |
• Gunggung | $5.632 triliun[11] (4) |
• Saben wong | $44,550[11] (27) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2018 |
• Gunggung | $5.071 triliun[11] (3) |
• Saben wong | $40,106[11] (20) |
Gini (2011) | 37.9[12] tengah · 76 |
IPM (2017) | ![]() dhuwur banget · 19 |
Artacihna | Yen (¥) / En 円 (JPY) |
Laladan wektu | UTC+9 (JST) |
Rupa titimangsa | |
Nyetir ing | kiwa |
Kodhé bèl | +81 |
Sandi ISO 3166 | JP |
TLD internèt | .jp |
Situs wèb www.japan.go.jp | |
|
Jepang |
Jepang | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Nama Jepang | |||||||
Kanji: | 日本国 | ||||||
Hiragana: | にっぽんこく にほんこく | ||||||
Katakana: | ニッポンコク ニホンコク | ||||||
Kyujitai: | 日本國 | ||||||
|
Jepang (basa Jepang: 日本 Nippon/Nihon rungokna (pitulung·info), teges kang barès: "asal-usuling srengéngé") yaiku Nagara ing Asia Wétan sing papané ing siji ranté kapuloan bawana Asia ing pojok kulon Samodra Pasifik. Ing sisih wetan Sagara Jepang, lan tetanggan karo Républik Rakyat Cina, Korea, lan Ruslan. Pulo sisih paling lor ana ing Sagara Okhotsk, lan wilayah paling kidul minangka klompok pulo cilik ana ing Sagara China Wétan, ing sisih kidul Okinawa, sing cedhak karo Taiwan.
Jepang kapérang saka 6.852 pulo[14] kang ndadekaken Jepang kalebu nagara kapuloan. Pulo-pulo utama saka lor menyang kidul yaiku Hokkaido, Honshu (pulo gedhé dhéwé), Shikoku, lan Kyushu. Gunggung 97 % wewengkon dharatan Jepang ana ing patang pulo gedhé iki. Sapérangan gedhé pulo ing Jepang wujud pagunungan, lan sapérangan liyané wujud gunung kang ngandhut geni. Gunung paling dhuwur ing Jepang yaiku Gunung Fuji. Jepang duwe 128 yuta wong, lan dadi negara paling katah pedununge nomer 10 ing saindenging jagad. Tokyo minangka kutha krajan de facto Jepang, lan uga dadi prefektur piyambak. Tokyo Raya minangka jeneng wilayah kutha Tokyo lan sawetara kutha ing prefektur sekitarnya. Minangka wilayah metropolitan paling gedhe ing donya, Wilayah Tokyo Raya duwe pedunung luwih saka 30 yuta wong.
Miturut mitologi tradisional, Jepang didegake dening Kaisar Jimmu ing abad kaping-7 SM. Kaisar Jimmu miwiti rantai monarki Jepang sing nganti saiki durung rusak. Nanging, sajrone sejarah, kekuwatan paprentahan ana ing tangan para anggota kraton, shogun, militer, lan saiki ing tangan Nayakotama. Miturut Konstitusi Jepang taun 1947, Jepang minangka negara monarki konstitusional kapimpin dening Kaisar Jepang lan Parlemen Jepang.
Minangka negara maju ing perekonomian,[15] Jepang duwe produk domestik bruto paling gedhe nomer loro sawise Amerika Serikat. Jepang uga anggota saka PBB, G8, OECD, lan APEC. Jepang uga duwe kekuwatan militer sing cukup lengkap karo sistem pertahanan modern kaya ta sistem kombat AEGIS lan armada perusak. Ing perdagangan luar negeri, Jepang dadi negara eksporter nomer 4 lan negara importer nomer 6 paling gedhe ing saindenging jagad. Minangka negara maju, masarakat Jepang duwe standar urip sing dhuwur (rangking nomer 8 ing Indeks Pembangunan Manungsa) lan harapan urip paling dhuwur ing donya miturut prakiraan PBB.[16] Ing bidang teknologi, Jepang uga maju ing bidang telekomunikasi, mesin lan robot.
Bendera Matahari Terbit lan "Kimi Ga Yo" minangka panji nasional lan lagu kebangsaan Jepang. Diresmikan taun 1999 kanthi Undhang-undhang Babagan Bendera Nasional lan Lagu Nasional.
Periode Edo suwene udakara 260 taun nganti Restorasi Meiji ing taun 1868, nalika Shogunate Tokugawa rampung lan pamrentahan kekaisaran dipulihake. Kaisar pindhah menyang Edo, sing diganti jeneng dadi Tokyo. Mula, Tokyo dadi ibukutha negara Jepang
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng cia