Fransiskus | |
---|---|
![]() | |
Papacy began | 13 Maret 2013 |
Papacy ended | 21 April 2025 |
Sadurungé | Benediktus XVI |
Diterusaké | Durung dikenal |
Ordo | |
Penobatan | 13 Dhésèmber 1969 |
Penahbisan | 27 Juni 1992 dening Antonio Quarracino |
Diangkat dadi Kardinal | 21 Fèbruari 2001 |
Detil pribadhi | |
Jeneng lair | Jorge Mario Bergoglio |
Lair | 17 Dhésèmber 1936 Buenos Aires, Argentina |
Pati | 21 April 2025 Domus Sanctae Marthae, Vatikan | (umur 88)
Kabangsan | Argentina (lan Vatikan) |
Denominasi | Katulik Roma |
Singgasana | ![]() |
Jabatan sadurunge |
|
Sesanti | Miserando atque eligendo ("Ingkang boten katingal nanging kapilih" —Cithakan:1Kor) |
Tapak asma | ![]() |
Lambang | ![]() |
Paus Fransiskus (Latin: Papa Franciscus utawi Itali: Papa Francesco; 1936-2025 ) punika Paus angka 266[1]. Kanthi makaten, panjenenganipun punika pamimpin Gréja Katulik Roma lan ugi kepala nagara saking Nagari Kitha Vatikan. Wiwit taun 1998 dumugi kapilih minangka Paus ing Konklaf Kapausan 2013 dinten kaping kalih, 13 Maret 2013[2], panjenenganipun punika Biskop Agung Buenos Aires, Argentina; lan dipunangkat minangka Kardinal nalika taun 2001 déning Paus Yohanes Paulus II. Paus Fransiskus saged wicantenan salebetipun basa Spanyol, Italia, lan Jerman kanthi fasih.[3]
Paus Fransiskus punika satunggiling imam Yésuit sepindhah lan tiyang Amérika Latin katurunan Italia sepindhah ingkang kapilih minangka Paus. Panjenenganipun ugi dados Paus non-Éropah sepindhah wiwit Paus Gregorius III saking Siria tilar donya nalika taun 741.[4]