Psikologi punika panaliten babagan pikiran lan tingkah laku.[1] Wewengkonipun kalebet tingkah laku manungsa lan sanès-manungsa, kalebet sadhar lan alit ingkang boten kasadhar, sarta prosès mental kados ta pikiranipun, rasan, lan kamotivasian. Psikologi punika disiplin akademik ingkang gadhah jembaran ageng, nyabrang watesan antawisipun ilmu alam lan ilmu sosial. Ahli psikologi biologi ngupados pangerten babagan sipat-sipat ngkang medal saking otak, nyambungaken disiplin menyang neuroscience. Minangka ahli ilmu sosial, para psikolog ngupados pangerten babagan tingkah laku individu lan kelompok.[2][3]
Para psikolog melibataken panaliten babagan persepsi, kognisi, perhatian, emosi, intelegensi, pengalaman subjektif, motivasi, fungsi otak, lan kepribadian. Keprihatinan para psikolog ugi nyabrang menyang hubungan interpersonal, ketahanan psikologis, ketahanan kulawarga, lan wilayah sanès ing jero psikologi sosial, kalêbêt prosès méntal ingkang tanpa kasadaran.[4] Para psikolog riset ngangge metode empiris kanggé mbedakaken hubungan kausal lan korèlasi antarane variabel-variabel psikososial. Sawetawis, nanging boten sadaya, psikolog klinis lan konseling ngandelaken interpretasi simbolik.