Taman Ismail Marzuki

Patung Ismail Marzuki ing sangarepé Planetarium Taman Ismail Marzuki.

Pusat Kesenian Jakarta Taman Ismail Marzuki kang populèr ingaran Taman Ismail Marzuki (TIM) dumunung ing dalan Cikini Raya 73, Jakarta Pusat, minangka sawijining punjer kesenian lan kabudayan. Ing papan iki dumunung Institut Kesenian Jakarta lan Planètarium Jakarta. Kajaba iku, TIM uga duwé enem téater modhèren, balai pameran, \bgladri\b, gedhong arsip, dan biyoskup.

Acara-acara kagunan lan budaya dianakaké kanthi rutin ing punjer kesenian iki, kalebu pamentasan drama, jogèd, wayang, musik, pamacan gurit, pamèran lukisan lan tontonan filem. Manéka jinis kesenian tradhisional lan kontèmporèr, kang wujud tradhisi asli Indonésia lan saka mancanegara uga bisa tinemu ing panggonan iki.

Jeneng punjer kesenian iki dijupuk saka jeneng kang ngréka lagu misuwur Indonésia, Ismail Marzuki.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne