Basa Jawa

Basa Jawa
ꦧꦱꦗꦮ
Aksara Jawa - basa.svg
Dituturaké ing Jawa (Indonésia)
Gunggung panutur 100 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Aksara Latin
Aksara Jawa
Aksara Arab (Aksara Pégon)
Kodhe basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
ISO 639-3 variously:
jav – Basa Jawa
jvn – Basa Jawa Karibia
jas – Basa Jawa Kalédonia Anyar
kaw – Kawi
{{{mapalt}}}
Ijo tuwa: papan basa Jawa minangka basa mayoritas. Ijo enom: papan basa Jawa minangka basa minoritas.



Basa Jawa (ꦧꦱꦗꦮ) punika basa kalebet ing golongan Austronesia, inggih punika basa-basa ingkang dipun-ginakaken déning macem-macem bangsa pribumi wonten ing kapuloan sakidul-wetanipun bawana Asia. Basa Jawa punika sumebar wiwit saking pucuk kulon pulo Jawa, ingkang asma Banten, dumugi pucuk wétan ingkang asma Banyuwangi déning kirang langkung 80 yuta tiyang ingkang nganggep basa Jawa minangka basa ibu. Salajengipun, basa Jawa ugi sumebar wonten ing kapuloan Indonésia, wiwit saking Sumatra dumugi Papua, ugi wonten ing Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan wonten ing Kalédonia Anyar. Basa Jawa punika minangka basa resmi wonten ing Daérah Istiméwa Yogyakarta, sesarengan kaliyan basa Indonésia.[1] Basa Jawa dados salah satunggaling panyumbang ageng kanggé pambudidayanipun basa Indonésia. Sanadyan boten dados basa resmi wonten ing pamrentahan, basa Jawa gadhah prabawa ingkang langkung ageng tinimbang basa-basa laladan sanèsipun, kados ta wonten ing tembung-tembung, lan istilah-istilah ingkang asring ngginakaken tembung-tembung Jawa.

Peta iki gambar laladan basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas, banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.

Basa Jawa iku péranganing sub-cabang Sundik saka kulawarga basa Indo-Polinesia Kulon saka pang basa Indo-Polinesia kang gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sadulur cedhak basa Malayu, basa Sundha, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.

Basa Jawa dipun-ginakaken wonten ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan ugi wonten ing pesisir lor Jawa Kulon, sasampunipun ing Madura, Bali, Lombok, lan Tatar Sunda ing Jawa Kulon. Basa Jawa ugi dipun-terapaken dados basa sastra. Basa Jawa ugi dados basa ingkang dipun-ginakaken ing karaton Palembang, Sumatra Kidul, sadèrèngipun karaton punika dipun-rubuhaken déning tiyang Walanda ing pungkasanipun abad kaping 18.

Basa Jawa saged kapirsanaken minangka satunggaling basa klasik wonten ing donya. Basa punika gadhah sajarah kasusastran ingkang sampun sepuh sangêt, langkung saking 12 abad. Para ahli basa Jawa ngewrat sajarah basa Jawa wonten ing patang tahap:

Sanajan boten dados basa resmi wonten pundi kemawon, basa Jawi basa Austronesia ingkang kathah dhéwé cacahipun panutur ibunipun.[2] Basa punika dipunaturaken lan dipunmangertosi déning kirang langkung 80 yuta tiyang. Kirang langkung 45% kang ndunungi nagari Indonésia tedhak turuning tiyang Jawi utawi manggen ing Tanah Jawi. Mèh kabèh présidhèn Indonésia wiwit taun 1945 punika turunan Jawi (sajatosipun kabèh turunan Jawi, B.J. Habibie ugi ngaken ibunipun priyayi Jawi). Mula, boten nggumunaké, basa Jawi mènèhi pangaruh ageng ing pikembanganipun basa Indonésia.

Basa Jawa Modhèrn kaperang dados tigang carabasa utawi basawangsa (rumpun) utami: cara Jawa Kulon, cara Jawa Tengah, lan cara Jawa Wétan. Ing pulo Jawa, wonten ingkang dipunsebat dialect continuum (sasambetaning carabasa) saking Banten, ing pucuking kulon, dumugi Banyuwangi, ing pucuking wétan. Sami carabasa Jawa punika kathah ingkang saged dipunmangertosi déning para panuturipun (Ing: mutually intelligible).

Basa Jawa saged dipunserat ngginakaken aksara Jawa, (turunanipun aksara Brahmi saking India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin.[3]

  1. "Peraturan Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta Nomor 2 Tahun 2021 tentang Pemeliharaan dan Pengembangan Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa".
  2. Diirit déning,--boten kalebet dhialèk Cina lan basa Indic kanthi status resmi nagara--basa Sunda saking pérangan kulon pulo Jawa
  3. Van der Molen (1983:VII-VIII).

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne