Chelsea F.C.

Chelsea F.C.
Lambang Chelsea F.C.
Jeneng dawaChelsea Football Club
ParabanSi Biru ("The Blues"), The Pensioners
Yasa10 Maret 1905
SetadhiyonStamford Bridge, London
Momotan41.631[1]
BakuRuslan Roman Abramovich
MantriAmérika Sarékat Bruce Buck
MènèjerInggris Frank Lampard
LigaLiga Utama Inggris
2015—2016Liga Utama Inggris, kaping 10
Sana jaringanKaca tepas klub
Kandhang
Njaban
Katelu
Stamford Bridge Kandhang Chelsea F.C.
Stamford Bridge Kandhang Chelsea F.C.

Chelsea F.C. (Chelsea Football Club), uga kaloka minangka The Blues utawa sadurungé The Pensioners, yaiku salah sawijining klub bal-balan utawa sepakbola Inggris kang main ing Liga Utama Inggris lan duwé markas ing kutha London. Klub iki didhegaké déning H.A. Mears ana ing taun 1905, lan nduwé lapangan dhéwé kang bisa nampung 41.631 penonton, dumunung ing Fulham, London Kulon.

Chelsea wis malang mégung ing sajarah sepakbola Inggris, lan ngalami sukses rong kalamangsa, yaiku taun 1960-an lan awal 1970-an, sabanjuré ing akir 1990-an nganti wektu iki. Chelsea wis njuarai gelar Liga Utama Inggris kaping lima (1954-55, 2004-05, 2005-06, 2009-10, lan 2014-15), Piala FA kaping pitu (1970, 1997, 2000, 2007, 2009, 2010, lan 2012), Piala Liga kaping lima (1965, 1998, 2005, 2007, lan 2015), lan Piala Winners kaping pindho yaiku ing taun 1971 lan 1998.

Manajeré sing sepisanan yaiku John Roberson (1905-1906). Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris (Premiership) ana ing taun 1955 nalika mangsa kalungguhan Ted Drake minangka manajer.

Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris manèh sawisé 50 taun, yaiku ing taun 2005, nalika mangsa kalungguhan manajer Jose Mourinho (2004-saiki), kang olèh panjurung penuh saka sing nduwé klub, milyader lenga patra keturunan Ruslan, Roman Abramovich.

Ana ing taun (2005) uga, Chelsea njuarai Piala Carling sawisé ngalahaké Liverpool. Taun 2006, Chelsea bisa njuarai Liga Utama Inggris manèh. Taun 2007, Chelsea kasil dadi juara Piala Carling sawisé ngalahaké Arsenal 2-1 lan juara Piala FA sawisé ngalahaké Manchester United 1-0 liwat babak perpanjangan wektu.

Chelsea nduwé sawatara juru main Inggris kang dianggep paling apik wektu sakiwa-tengené taun 2004-2012, antarané John Terry (kapten) lan Frank Lampard.

Chelsea dadi juwara Liga Champions UEFA taun 2012 sawisé ngalahaké Bayern Munchen ing final tanggal 20 Mèi 2012 kanthi skor 4-3 (adu penalti)[2].

  1. "Club Info". chelseafc.com. Dibukak ing 2011-02-04.
  2. Detik.com:Chelsea Juara Liga Champions

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne