Prasasti Sukabumi

     

Prasasti Sukabumi (Carakan: ꦥꦿꦯꦱ꧀ꦠꦶꦱꦸꦑꦨꦹꦩꦶ) utawa uga inaranan prasasti Hariñjing iku prasasti wigati awit ing prasasti iki basa Jawa tinulis kanggo kapisan. Prasasti iki titimangsané saka tanggal 25 Maret 804 lan tinemu ing Sukabumi, Pare, Kedhiri, Jawa. Saiki prasasti iki disinggahaké ing Museum Nasional, Jakarta.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne