Pribumi

Pribumi utawa kang ndunungi asli iku saben wong kang lair ing siji papan, wewengkon utawa nagara, lan netep ing kana kanthi status orisinal utawa asli utawa tulèn (indigenious) minangka golongan ètnis kang diakoni minangka bebrayan dudu paneka saka nagara liyané. Pribumi asifat autochton (nèmpèl ing siji papan). Sacara luwih kusus, istilah pribumi ditujokaké marang saben wong kang kalairaké kanthi wong tuwa kang uga kalairaké ing siji papan mau.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne